"Ceritane Wong Lagi Mancing
Rupane nganti koyo cacing
Awake ambune kecing
Yen ra intuk terus
muring-muring...
Sing mancing nganti tenanan
Mentelang Nyawang Kambangan
Dasare seng golek umpan
Direwangi nganti blusukan...l
Matane sing mancing ngantuk
Mergone ra intuk-intuk
Wetenge wes nganti kluruk
Tangane nyekeli batuk
Senajan umpane uler
Iwake wis podho mlenger
Sing mancing nganti liyer-liyer
Nganti cangkeme dirubung laler
Ref:
Strike kanan strike kiri
Seng narik ati-ati
Yen ucul gawe gelo ati
♪♪
Strike dalam strike depan
Sing mancing ngantek edan
Yen ucul wis ra karuan
-
Sing njaring jan rodo pekok
Wes reti iwake ketok
Lha kok malah disogok-sogok
Koyo anu neng njero katok
-
Matene do podho plirik
Kancane yen intuk serik
Ra trimo iwake cilik
Jebul kolam iwake sitik
-
Iki lagu geguyonan
Yo sori yen ra kelegan
sing penting tetap kekancan
Ojo do podo jotos-jotosan "
0 Response to "Mars Mancing "
Post a Comment